Paugerane 6 gatra : 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
Tembang kinanthi nggambarake kesenengan lan kebungahan.
Watak tembang kinanthi yaiku sarwa seneng, bungah, asih, gumolong, atut runtut renteng-renteng reruntungan.
Sirnakna semanging kalbu
Den waspada ing pangeksi
Yeku dalaning kasihan
Sinuda saka sethithik
Pamothathing nepsu hawa
Linalantuh mamrih titih
^wos e yaiku ngilangke rasa samar lan tansah waspada iku bisa ngendhaleni hawa nepsu
Marma den taberu kulup
Angulah lantiping ati
Rina wengi den anedya
Pandak panduking pambudi
Bengkas kahardaning driya
Supaya dadya utami
^Wos surasane tembang iku yaiku nglakoni prihatin lan ngudi ilmu supaya dadi utama panguripane.
1.Gaweya teks tembang kinanthi 3 padha miturut paugerane. padha siji nganggo tema sosial, Padha loro nganggo tema pendidikan lan padha telu nganggo tema remaja.
Jawaban :
*Tembang kinanthi*
Padha 1 : sosial
Gegotpng royong sekampung
Trus mbiyantu wong-wong miskin
Sesrawung bebarengan
Sugeh miskin dadi siji
Urip makmur sejahtera
Kanggo kalampahing urip
Padha 2 : pendidikan
Ilmu kang harus di luru
Digoleki bola bali
SD nuju kuliahan
Kang wis umum dilakoni
Tabungan ing masa depan
Kanggo nggapai cita-cita
Padha 3 : remaja
Trisna ku marang sliramu
Ora bakal iso keganti
Kuat ngadepu rintangan
Tantangan ing tresna iki
Mirip kisah rama shinta
Kang nambah seneng ing ati
Okay sekian penjelasannya, Semoga membantu :)
Keep spirit
Have a nice day
See you